Monday 13 August 2018

Naskah Lutung Kasarung Purbasari Purbararang

Pemain :
1. Prabu Tapa Agung : Mas Gunawan
2. Permaisuri : Mbak Titik
3. Purbasari 1; Yu Minol
4. Purbasari 2 : Bu Maryati
5. Purbararang : Mbak Maya
6. Indrajaya ; Mas Dodo
7. Guruminda : Pak Warno
8.  Lutung :
9. Tukang sihir (dukun sakti): Mas Jumali
10.Patih : Mas Tri Saryanto

Adegan 1
Pisowanan Kraton Pasir Batang
Purbasari,Purbararang, Indrajaya, Patih,  menghadap prabu Tapa Agung dan Permaisuri
Dialog hanya contoh , nanti di improvisasi sendiri

Tapa Agung : Ngger putra putraku, piye kabarmu  ngger?
Purbasari, Purbararang, Indrajaya, bergantian ; Alhamdulillah  sae Romo. Sungkem kulo mugi konjuk  Romo.
Tapa Agung : Iyo tak tompo pangabektimu , pengestuku tampanono
Purbasari, Purbararang, Indrajaya, bergantian: Nggih
Tapa Agung : Ngger putra2ku Pun Romo wis sepuh .encokku gur pijer kumat wae, nyang ngendi2 ndadak sangu remason,Pun Romo wis ora kuwat dadi ratu. Mulo pun Romo pingin leren dadi Ratu.
Purbosari : Mosok mboten Kuwat to ketingalipun tesih gagah ngaten.
Purbararang : Enggih, Romo, Wong tesih kiyat sepedaan, badminton, balbalan ngaten
Permaisuri: Wong sih kuat ping pindho barang.
Purbosari, Purborarang : Kiyat nopo kanjeng Ibu?
Permaisuri : Haalaah kok yo ndadak pingin ngerti?
Tapa Agung : Wis rasah do rame , pokoke aku pingin leren.
Permaisuri : Menawi Kangmas Prabu bade lengser lajeng sinten inkang bade nggentosi kangmas?
Tapa Agung : Ingsun bakal marisake dampar kencono marang Purbasari.
Purbararang : Lho Romo meniko dos pundi toh? Kedahipun rak kulo ingkang nggentosi Kanjeng   Romo. Kok malah yayi Purbasari meniko pripun Romo?
Tapa Agung : Iyo pancen kudune tak lengserake marang kowe. Lha ning tekumu elek nok .nek dadi ratu terus piye?
Purbararang : Elek pripun to Romo? wong bendino romo yo tak tukokne rokok ?tak gawekne kopi,?
Tapa Agung  : Nukokne rokok e pit e romo barang barange romo entek mbok gadhekne .Wis pokoke Kraton tak pasrahake Purbosari, Titik, gak nganggo koma.Wis Romo wis sayah pingin ngaso karo di pijeti. Patiiih!
Patih : Dawuh Gusti.
Tapa Agung : Panti pijet sing jek bukak ngendi?
Patih : Lha ngersakaken Karmila nopo Madu Ratna ?
Tapa Agung :Sak sak e. wis bubarno pisowanan ,aku derekno mrono.
Patih : Sendiko Gusti. Transport ipun Gusti?
Tapa Agung : Alaaah ,. Nyoooh.

Selesai adegan pertama. ngopi dulu.

Adegan 2

Pubararang mondar mandir dengan kemarahan di dampingi Indrajaya.
Dialog
Indrajaya : Sabar diajeng  sabaaar.!
Purbararang : Sabar sabar.! Sabar piye to kangmas iki? wong genah kahanan ko ngene kok kon sabar.
Indrajaya : Lho  Di kon sabar kok malah tambah nesu .
Purbararang : Lha sampeyan ki mbok ngewangi mikir, piye to piye  , ora mung sobar sabar sobar sabar.
Indrajaya :Lha kon piye yayi ?
Purbararang : Yo we ki mikiroo.! kok malah takon.?
Indrajaya  : Lha romo ki wonge atos yen duwe kekarepan ora iso di owahi.  piiyee?
                    Opo anuu ? Purbasari wae sing di singkirne.
Purbararang :  Lha gene mletik pikiranmu kangmas.
                        Lha terus carane piye.?
Indrajaya   : Aku duwe kenalan dukun ampuh ning gak tau payu.
Purbararang : Ampuh kok gak tau payu.?
Indrajaya : Lha angger ono wong moro arep mertombo ora mari malah nemen. Terus bablas.
Purbararang : Oooo.
Indrajaya  : Lha engko wonge kon nyantet Purbasari.
Purbararang  : Ning ojo di pateni lho kangmas .
Indrajaya   : Lha kon piye?
Purbararang : di gawe ben elek wae ngono lo .
Indrajaya  : Lha wis elek nok , arep di gawe elek piye neh?
Purbararang : Wis pokoke  di gawe lungo soko kraton ngono wae lah.
Indrajaya : Yo wis, yo ndang rono wae , selak tutup ngko. soale nek jumah wonge arep ngaji.
Purbararang : Yo wis ayo..

selesai adegan 2

Adegan 3

Ki dukun sakti  bakar dupa, komat kamit dsb
Purbararang dan Indrajaya datang
Dialog
Indrajaya ; Kulo nuwuuun.! Kulo nuwuuuun.! Kulo nuwuuuuuun !
Purbararang : Kulo nuwuuuun ! Kiii , Kulo nuwuuun.
ki dukun tidak mendengar dan terus bakar dupa
Purbararang dan Indrajaya mendekat  : Kiii !
Ki Dukun kaget njondil : Jiabang bayik.!!! sopo kowe. ?? nyang nggone uwong blusak blusuk ra ngerti toto kromo..Nyang nggone uwong ki sing sopan, dodog dodog sik !! , terus uluk salam opo kulo nuwuun.!!. Blusak blusuk.!!
Indrajaya : Dodog dodog nopo ki? wong ora eneng lawange?
Purbararang : Mpun Kiii , wau pun kulo nuwuuun. Sampeyan ra krunguu.
Ki dukun : Lha terus karepmu rene arep ngopo?
Indrajaya : Ajeng nyingkirne tiyang kii.
Ki dukun : Ora karepmu rene ki arep ngopo?
Indrajaya : Ajeng nyingkirne tiyang Kii. nyingkirne tiyang .
Ki dukun ; Lha terus perlumu rene ki lho arep golek tombo , opo golek jimat , golek pelarisan opo nyantet uwong.?
Indrajaya : Ajeng nyantet uwooong!
Ki dukun : Oooo arep golek pelarisan ?
Indrajaya : Nyantet uwoooong.!! Nyantet uuuwwoooooong !!
Ki dukun : Oooo... dodolane opo toh ?
Indrajaya : Yya Allah ,. Wis kowe wae sing ngomong diajeng. mumet aku.
Purbararang :Ajeng nyantet tiyang kii.!
Ki dukun : Ooo  arep nyantet uwong .
Indrajaya  : Lhoo.  Lha iki  nyambung. Oooo kuping kami wedok en.
Ki dukun  : Lha terus sing arep di santet sopo?
Indrajaya  : Niki lho Kii, Adhine calon kulo niki pripun carane supados lungo king ngomah ki
Ki dukun  : Nek nggo pelarisan syarate tranah angel .
Indrajaya  ; Helleeeh kumat meneh.. ngomongo diajeng.
Purbararang :Ngaten lho kii , kulo niki rak nduwe adi , lha adhi kulo niki ngrebut hak kulo.lha pripun carane adhi kulo niki lungo king griyo kulo.?
Ki dukun  : Aku wis ngerti. adhimu jenenge Purbasari to? kowe anake prabu Tapa Agung Toh?
Purbararang : Lho Kok iso  ngerti.?
Ki dukun  : Lha yo ngerti wong aku wis moco naskah e.
Purbararang : Lha niki terus pripun Ki ?
Ki dukun : Lha wani piroo?
Indrajaya : Lhoo...... anak ratu kok di wani piroo.
Purbararang memberi uang 50 ribuan : Niki Kii.
Ki dukun ; Lho... Wong nyantet uwong ki tugas abot, tohe nyowo kok mung di ke i..
Purbararang : Ooo kurang ki. ki nyooh (sambil menyodorkan uang ratusan ribu.)
Ki dukun : Heleeh . Wong nyantet uwong kok mung di kei duwit dluwang.
Purbararang : Lha pirooo?
Ki dukun : Nyantet uwong ki elek elek e yo di kei duit sing kempling kae.. kok dluwang.
Purbararang memberikan uang koin 1000an : Niki to ki ?
Ki dukun : Lhaaa......yo ngene iki jenenge ngajeni karo kangelane uwong. ndi go rene wis tak rampungane ,deloken sesuk hasile. wis ndang do bali kono.!
Purbararang : Saestu ki?
Ki dukun : iyooo.
Indrajaya : Nggih pareng  Kii nyuwun pamit
Ki dukun diam saja.

selesai adegan 3


Adegan 4

Purbasari menangis klesetan teriak teriak
Dialog
Purbasari 1: Romoooooo, Romooooooo., niki pripun Romooooo hu uuuhuuuhuuu
Tapa agung datang tergesa gesa : Ono opo to Purbasari
Purbasari 1 : Romooo., niki pripun romooo, huuuuu
Tapa Agung : Iyooo ono opo kok? pripan pripun, ngomongo sing cetho too ono opoo.
Purbasari 1 : Pasuryan kula dados awon romoo. huuuuuuu
Tapa Agung  ;Awon piyee toh .lha mang mulo yo ngono kui nok.
 Purbasari 1: mboten romooo , waune kulo niku ayu romooo, huuuuu, kalih badan kulo kok gatel gatel Romoo.
Tapa Agung : Wooo ....Lha gudigen nok.. piyee ikii?  Patiiiiih  !!         
Patih  : Dawuh  Gusti.
Tapa Agung :tulung golekno tekek opo kadal tiih, nggo ndoro putrimu iki.!
Patih  :  Sendiko Gusti..........Tranportipun Gusti?
Tapa Agung : Lhoo  lha wong golek tekek neng kebon e kok yo njaluk transport ?
                       Yo wis nyoooh.
Patih :  Matur nuwun gusti (terus pergi)
Patih kembali lagi :Nyadong deduko gusti, tekek teng projo meniko smpun punah gusti.
Tapa Agung : Waaduuh . lha terus piyee iki ? ra iso mari no Purbasari.
Purbasari 1 : Mosok mboten saget mantun romoo?
Tapa Agung : Nek gudig kuwi tambane yo tekek kui,
                        lha nek ben ayu kui sing kangelan , arep di kapakne?wis rasah ngarep arep.
Purbasari 1 :  Lha pripun Romoo
Tapa Agung : Lha piyee horok ? yo terpaksa kowe tak karantina disik ,ben gak nulari kancane.mosok ratu kok gudigen
Purbasari 1 : Ampun romoo kulo ampun di karantina.
Tapa Agung : wis ora iso. timbang nulari kancane . Patiiih
Patih  : Dawuh Gusti
Tapa Agung : Iki Gustimu putri iki derekno nyang kawasan lokalisasi . Eh salah Kawasan Isolasi.
Patih. :Sendiko dhawuh Gusti...... Transportipun Gusti?
Tapa Agung : Lho lha mau tak kon golek tekek mau?
Patih  : Mpun telas Gusti.
Tapa Agung :Yo wis nyooh.
Patih : Matur nuwun Gusti . Monggo Gusti Putri.
Semua pergi selesai adegan 4

Adegan 5

Purbasari 1 dan Patih.
Dialog
Purbasari1 : Paman patih , mosok aku kon neng kene dewe paman ?
Patih : Nyuwun pangapunten gusti puteri .lha pripun melih wong niki dawuh gusti prabu.
Purbasari 1 : Kok apes men uripku paman patih .
Patih  :Tranah ngoten niku ndoro putri. menawi tiyang niku nek lagi neng ngisor niku sisan di petelne. ben sisan leh sengsoro.
            ning mboten sah ajrih gusti putri meniko sampun kulo damelne pondok . nggih type pinten niko nggih type 14 nopo 15 .
Purbasari 1 : Aku nedha nrimo banget yo paman patih.
Patih. : Meniko sampun dados kewajiban kulo gusti. Mbok bilih sampun cekap kulo bade mantuk Gusti putri.
Purbasari 1 : Iyo paman patih ngati ati.
Patih : Nggih gusti putri...... Transportipun Gusti ..... Eh mboten ding . Pareng Gusti (pergi)
Purbasari 1 : Oooalah  kok koyo ngene nasibku. Dhuh Gusti paringono Kuatno. Eh Kuaaat.
Lutung : Purbasari !   ....... Purbasari!
Purbasari 1 : Kok koyo ono wong ngundang aku to yoo?
Lutung : Purbasari!...Purbasari!
Purbasari 1 : Sopo kowe ? Kok mung celuk2 thok ora wani ngetok.
Lutung  : Aku lutung sing neng andhikmu.
Purbasari 1 : Kowe tung ? lha kowe kok iso ngomong?
Lutung : Iyo Purbasari . wong aku iki asline yo uwong , yo mung nganggo topeng ngono wae . glhoo.
Purbasari 1: Yo ojo bukak rahasia ngono kui o tung.
Lutung : Ora popo. Aku neng kene iki mung pingin kekancan karo kowe Purbasari.
Purbasari 1 : Oooalah enek sing ngajak kekancan e kok yo lutung. Upomo wong bagus ngono rak yo iso berlanjut.
Lutung  : Lho kowe gak gelem  kekancan karo aku Purbasari.?
Purbasari 1 : Upomo ono liyane ngono jane yo wegah tung. gandeng ra ono liyane yo wis sak karepmu lah
Lutung  : Purbasari , opo kowe kepingin pulih koyo wingi uni.?
Purbasari 1 : Maksudmu pulih dadi ayu meneh?
Lutung : Nek kui ora mungkin Purbasari. 
Purbasari 1 : Lha terus piye?  
Lutung  : Yo wis pokoke iso bali menyang kraton meneh ngono wae.
Purbasari 1 : Yo wis ora popo. carane piye tung ?
Lutung : Kowe kungkumo ono telogo kae  suwene 40 dino 40 bengi .
Purbasari 1 : Lha kok suwe men Tung? wis ora mari ora popo tung nek ngono kui carane.
Lutung : Yo wis ter serah kowe lah leh mu kungkum.
               Ngko karo nggowo o ikrak karo bathok
Purbasari 1 : Nggo opo tung?
Lututng : Nggo gogo wedi .
Purbasari 1 : Oooalaah.
Lutung ; Lha kan oleh asil dobel to Pubasari .
Purbasari 1 : Pikiranmu kok yo ubet men to tung? tung?
Lutung : Yo wis ndang budhal kungkum kono ben ndang mari
Purbasari  :Yo wis tak ndang budhal yo tung . tunggokne omahe sik 
Lutung : Yoo
selesai adegan 5


Adegan 6

Purbasari 2 menghampiri lutung
Dialog
Purbasari 2 :   Lutuuung ! Lutuuung !
Lutung ; Lho sopo kowe kok teko mrene?
Purbasari 2 : Lutung ! kowe pangling po tung, karo aku ?
Lutung : Lha kowe ki soopoo?
Purbasari  2 : Aku ki  Purbasari  Tung.
Lutung : Purbasari??
               Lha kowe kok malih gedhi Purbasari.
Purbasari 2 : Yo iki goro goro mbok kon kungkum , malih mbedhodhok semene iki .!
                      Wiiis ra nggenah tenan we ki ok tuung. Wong wedok ok kon kungkum.
Lutung :  Ning Gudigmu rak wis mari to Purbasari
Purbasari 2 : Iyo i tung wis gak gudigen aku .
Lutung  : Lha iyoo saiki kowe rak iso bali menyang keraton meneh to Purbasari.
Tiba tiba Patih datang  tapi tidak tahu kalau wanita yang di hadapannya adalah Purbasari: Kisanak Gusti putri Purbasari wonten pundi nggih? 
Purbasari 2 ; Paman Patih !
Patih : Lho Kisanak kok tepang kalih Kulo?
Purbasari 2 : Paman Patih !, Aku iki Purbasari paman Patih.
Patih : Nopo Enggih ?
Purbasari 2 :Iyoo Paman Patih Aku iki Purbasari. ceritane Dowo.
                    Wis pokoke percoyoo wae nek aku iki Purbasari. nek ndadak nyritakne larah larahe ngesakne sing ngetik.
Patih : Nggih kulo pitados gusti putri.
Purbasari 2 : Lha saiki aku rak wis gak gudigen, aku kepingin bali nyang kraton paman patih.
Patih  : Nggih mboten menopo menopo Gusti putri. sumonggo kulo derekaken.
Purbasari 2 :  Iyo paman Patih. ayoo. Ayo Tung melu oraa?
Lutung : Yo nek di jak yo melu lahh.
              Asheeek melu neng kraton

selesai adegan 6

 Adegan 7


Pisowanan Agung Kraton Pasir Batang
Purbararang, Indrajaya dan Permaisuri menghadap Pabu Tapa Agung
 Dialog
Tapa Agung  : Diajeng Prameswari. Kepiye  pawartane  patih  kang tak utus niliki Purbasari opo wis ono bali opo durung  diajeng?
Permaisuri : Ketingalipun dereng kangmas Prabu. Awit wonten pisowanan meniko dereng ketingal sowan Kangmas Prabu. 
Tapa Agung : Yo mugo mugo Purbasari inggal inggal antuk tombo , satemah enggal bisa bali menyang kraton Yayi.
Permaisuri : Aamiin Kangmas.
Purbararang : RomoPrabu meniko pripun to kok tesih nenggo Purbasari kemawon. Wong Purbasari meniko kenging penyakit aneh, sedoyo Tabib sampun seleh mboten saget nambani. kok tesih di arep arep mawon. Kulo nggih saget Romo menawi ken nggentosi Romo.
Tapa Agung : Yo wis lah Purbararang , mbok menowo pancen wis dadi pepesthen yen kowe kang kudu ngganteni pun Romo.
Purbararang :Lha mbok nggih ngaten Romo .
Tapa Agung : Yen ngono printahno kabeh sentono lan nayoko kinen nyameptakake uba rampe kanggo upocoro Jumenengane Purbararang.
 Tiba tiba Patih datang  bersama Purbasari dan lutung.
Patih : Kulo engkang sowan sinuwun.
Tapa Agung  : Patiiih . kene patih rodo maju kene patih
Patih : Ngesto aken dhawuh Sinuwun.
Tapa Agung .: Kepiye patih anggonmu ingsun utus niliki Purbasari Patih.
 Patih : Kepareng matur sinuwun. Bilih Gusti putri Purbasari Sakmeniko  sampun sowan wonten ngarso penjenengan sinuwun.
 Tapa Agung : Sowan neng ngarsaku? Lha  terus endi Patih.
Patih : Lha meniko.
Purbasari 2 : Kula Romo . Pangabektos  kulo mugi konjuk Romo  
Tapa Agung : Sik sik sik . opo bener sliramu Purbosari Putriku? 
Purbasari 2 :Leres  Romo  Kulo Purbasari.
Tapa Agung : Yen ngono tak batalke jumenengane Purbararang tak ganti kanggo Purbosari
Purbararang : Lho Romo ki piyee toh? Ratu kok mencla mencle. Ra iso nggo panutan. Sabdo Pandito Ratu ora keno wola wali..
Tapa Agung : Haduuh mumet aku. Yo wis saiki gok jleng wae , sopo sing menang sing jumeneng noto
Patih : Gok jleng niku nopo Gusti 
Tapa Agung  : Alaah pingsut pingsut.
Purbararang : Yo wis Ayo Purbasari.
setelah berkali kali pingsut, ternyata nggak ada yang menang dan kalah.
Purbararang  : Sayembarane ganti Romo  .Ganti adu bagus calon bojone. Purbasari      : Ok  
Purbararang  : Iki calon bojoku Kangmas Indrajaya sopo calon bojomu.
Purbasari  : Lha iki ( sambil menunjuk Lutung ) 
Seketika itu Lutung Berubah menjadi Pemuda Tampan yang bernama Guruminda
 Purbasari : Lho sopo kowe
Guruminda : Aku Guruminda. Aku sing dadi  Lutung mau .Mergo biyen aku mbeling banget mulo aku di sedakne karo ramaku dadi lutung, lan bakal luwar menowo ono putri kang gelem dadi bojoku.
Purbasari : Iki kangmbok Purbararang calon bojoku.
Purbararang : Ha ha ha . calon bojomu di bandingke calon bojoku ? ha ha ha
Purbasari  : Saiki yo ben romo sing mbiji bagus endi, calon bojoku opo bojomu.
Purbararang  : Pripun Romo? bagus pundi Romo?
Tapa Agung  : Lha nek aku sing mbiji Yo Bagus Guruminda
Purbararang terkejut : Lho Romo ki piye To ? Mosok Kangmas Indrajaya Karo Guruminda kok bagus Guruminda ki leh nyawang piiyeee?.
Tapa Agung ;Yo terserah aku to . wong sing nyawang Aku .ning ora usah kuatir Purbararang, Upomo Purbasari karo Guruminda dadi ratu , kuwi yo wis wayah pensiun.Dadi yoben Purbasari sik sing dadi ratu, lha ngko nek wis pensiun gentenono.
Akhirnya pertandingan di menangkan  Purbasari
Selesai


Monday 25 September 2017

Belajar Macro Excel 3 Debuging

https://drive.google.com/file/d/1QAuLHX-TAgBFsfFHZjSuevZOxmMHk5Qv/view?usp=sharing
https://www.mediafire.com/file/0li7dpv51idbzff/Laporan__28-06-2020.xlsm/file